MC LAMARAN (TEGES GAWE) BAHASA JAWA TIMURAN

 



السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ.
وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.

اَمَّا بَعْد ...


Hadrotal mukarromin, para alim-para ulama', sesepuh-pinisepuh, ingkang kawula hurmati shahibul hajjah/bait inggih meniko Bapak..... sekeluarga. Para rawuh saking keluarga ...... (bisa sebut nama kepala keluarga atau cukup dengan sebutkan daerahnya) ingkang kawula hurmati.

Monggo sareng-sareng muji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT. bileh kulo kale panjenengan saget kumpul-silaturrahim wonten mriki panggenan kanti kawontenan sehat wal afiyat, meniko kranten rahmat, taufiq, saha hidayah saking Allah SWT. Mugi-mugi kanti raos syukur meniko Allah paring tambah nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo. Amiin-amiin yaa rabbal 'alamiin.

Shalawat ugi salam, senaoso tetep kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW. Biqouli Allahumma shalli alaa sayyidina muhammad, wa'ala ali sayyidina Muhammad. Menikolah Nabi ingkang kulo kale panjenengan sedoyo ajeng-ajeng barokah syafaatipun mbenjang wonten yaumil qiyamah. Mugi-mugi kito senaoso pinaringan hidayah sehinggo kalebet umatipun Nabi ingkang minulyo.

Bapak/Ibu ingkang kawula hurmati...

Teng ngriki kulo wakil saking Bapak ..... (sebut keluarga shahibul hajjah/bait) sekeluarga, ngaturaken matur sembah nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo inggih meniko keluarga saking Bapak ... (sebut keluarga tamu/calon putri) ugi Ibu .... saking Desa ..., Kecamatan ..., Kabupaten ..... ingkang mangke insyaallah bade ngaturaken maksud utawi tujuanipun sowan wonten dalemipun Bapak .... (sebut keluarga calon putra) ugi Ibu .... wonten Desa ..., Kecamatan ..., Kabupaten ..... ngriki. Mugi-mugi pertemuan meniko sageto mbeto manfaat lan maslahat, sehinggo dadoso ibadah ingkang dipun ridhoi kalian Allah SWT.

Bapak/Ibu ingkang kawula hurmati...

Saklajengiupun kulo bade maosaken susunan acara ingkang bade kalaksanan wonten ing injing meniko.
  • Acara ingkang nomor setunggal inggih meniko pembukaan
  • Dialjengaken kalian acara ingkang kaping kaleh inggih meniko sambutan-sambutan
  • Lan acara ing injing bade dipun tutup kalian waosan doa
Sakderengipun acara dipun lajengaken, monggo acara ing injing meniko dipun awali kalian waosan shuratul fatihah. Mugi-mugi acara meniko diparingi kelancaran milai awal ngantos akhir, amiin..
('ala hadzihin niyah.. Al-Fatihah..)

Alhamdulillahirabbil 'alamin..
Acara saklajengipun inggih meniko sambutan-sambutan. Sambutan ingkang pertama bade dipun aturaken dumateng keluarga saking ... (sebut nama daerah calon putri). Sekaligus nyampeaken nopo ingkang dados niat lan tujuanipun rawuh wonten dalem mriki. Dumateng Bapak ... (sebut nama kepala keluarga calon putri) utawi ingkang mewakili, kawula sumanggaaken.

(Setelah sambutan pertama selesai)
Matur nuwun atas sambutan saking Bapak ... (sebut nama kepala keluarga calon putri) / wakil saking keluarga Bapak ... (sebut nama kepala keluarga calon putri). Atas nopo ingkang sampun dipun aturaken, tujuanipun meniko rawuh mriki yaitu setunggal silaturrahim, nomor kaleh inggih meniko paring jawaban pinanganipun saking keluarga Bapak .... (sebut nama keluarga putra). ingkang sampun dilaksanaaken ing wekdal ingkang sampun kepengker.

Sehinggo kangge menanggapi jawaban meniko, monggo dipun lajengaken kalian sambutan ingkang nomor kaleh inggih meniko saking keluarga Bapak .... (sebut nama keluarga putra) / wakil saking keluarga Bapak ... (sebut nama kepala keluarga putra). Dumateng Bapak .... (sebut nama keluarga putra) utawi ingkang mewakili, wekdal soho panggenan kawula aturaken..

(Setelah sambutan kedua selesai)
Alhamdulillahirabbil 'alamin ...
Acara sampun mantun dipun laksanaaken. Tanggal aqdun nikah ugi sampun disepakati, sehingga Insyaallah dados bingahipun manah, mboten hanya kangge kedua calon, nanging ugi kangge keluarga kekaleh. Lan mbok menawi wonten ingkang taseh perlu dipun rembak, baik terkait nopo kemawon persiapan menjelang aqdun nikah, saget dipun sampeaken wonten lintu wekdal.

Lan dumugi wonten penghujung acara, monggo dipun tutup acara wonten injing meniko kalian waosan doa.. Waosan doa bade dipun pimpin kalian panjenenganipun Bapak/Ustadz/Kyai ...
Nanging sakderengipun waosan doa dipun milai, teng ngriki kulo mewakili shahibul bait inggih meniko Bapak .... (sebut nama dari keluarga putra) ugi Ibu .... sepindah maleh ngaturaken matur nembah nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo. Lan mbok bilih tasek wonten kekirangan anggenipun paring pahurmatan dumateng panjenengan sedoyo, kulo mewakili keluarga ngaturaken agungipun pangapunten.

Ugi kulo pribadi selaku pembuka acara, bilih woten kasar utawi sarunipun anggenipun kulo matur utawi tingkah laku ingkang kirang sae, kulo pribadi ugi ngaturaken agungipun pangapunten. Lan kulo akhiri..
Wallahul muwaffiq ilaa aqwamitthariq..
tsumma assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Dumateng panjenenganipun Bapak/Ustadz/Kyai ... wekdal kawulo aturaken..


*Catatan: Teks yang berwarna biru bersifat fleksibel dalam menyampaikan. bisa disampaikan sebelum pembacaan do'a, atau setelah pembacaan do'a. Contoh di atas adalah saat disampaikan sebelum pembacaan do'a.



Posting Komentar

0 Komentar